Source that song from the Serat Wedhatama

Gendhing Pocung

Ngelmu iku
Kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara

Angkara gung
Neng angga aggung gumulung
Gogolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

Bada lamun
Kang sus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama

Taman limut
Durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngreda sahardi gengira

Yeku patut
Tinulad-tulad tinurut
Sapituduhira
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi diri lapal makna

Durung pecus
Kesusu kaselak besus
Amaknani lapal
Kaya sayid weton mesir
Pendak-pendhak mengendhok gunaning janma

Kang kadyeku
Kalebu wong ngaku-aku
Akale alangka
Elok jawane den mohi
Paksa ngangkah langkah met kawruh ing Mekah

Nora weruh
Rosing rasa kang rinuruh
Lumeketing angga
Anggere padha marsudi
Kana-kene kaanane nora beda

Uger lugu
Den ta mrih pralebdeng kalbu
Yen kabul kabuka
Ing drajad kajating urip
Kaya kang wus winahyeng sekar Srinata

Basa ngelmu
Mupakate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah Jawi
Kuna-kuna kang ginilut tri-prakara

Lila lamun
Kelangan nora gegetun
Trima yen kataman
Sakserik sameng dumadi
Tri legawa nalangsa srah ing Bathara

Bathara Gung
Inguger 'graning jajantung
Jenek Hyang Wisesa
Sana pasenbedan suci
Nora kaya si mudha mudhar angkara

Nora uwus
Kareme anguwus-uwus
Uwose tan ana
Mung janjine muring-muring
Kaya buta muteng betah nganiaya

Sakeh luput
Ing angga tansah linimput
Linimpat ing sabda
Narka lan ana udani
Lumuh ala ardane ginawe gada

Durung punjul
Ing kawruh kaselak jukul
Kaseselan hawa
Cepet kapepetan pamrih
Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa
Yahoo News